Dening: Suripan Sadi Hutomo
wis daktinggal bojo lan anak
lunga menyang Hong Kong
geneya kowe kok ngomong sengak
apa wong wadon ora oleh nginger bokong?
aku lunga golek sandhang lan pangan
awit negaraku wis ra nduwe pengayom
marang rakyate kang uripe kecingkrangan
awit subur lan makmur mung mitose tetembungan
nek aku meteng ing Hong Kong
kowe arep apa?
kuwi darbekku, darbekku dhewe
apa gunane kowe anyaruwe?
aku pancen barisane tekawe
nanging aku nyambutgawe
apa kuwi ora luwih mulya kahanane
tinimbang bapak pemimpin sing rakus watake?
bojoku wis ra nyambutgawe
apa aku dikon nekem weteng luwe?
anakku wuda
apa kuwi perangane negara merdika?
aku lunga nyambung nyawa
awit kebangeten negaraku Indonesia
awit produksine negara
mung ngekspor manungsa kanggo tumbale negara
Bogor, 20 Agustus 1998
[dari majalah Panjebar Semangat]
Ngeblog Lagi
-
hiatus sejak 3 Oktober 2014
Wuaaaa.....3 tahun....!
Bukan nggak ngeblog lagi sejak itu, ada blog lain tapi yang bisa baca cuma
segelintir orang alias pr...
0 tanggapan:
Posting Komentar